Leonardus Benjamin Moerdani

Leonardus Benjamin Moerdani
Mantri Partahanan Republik Indonesia 18
Linggih
19 Maret 1983 – 23 Maret 1988
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéS. Poniman
Kang sawiséEdi Sudrajat
Rerincèn dhiri
Lair(1932-10-02)2 Oktober 1932
Nèderlan Cepu, Blora, Jawa Tengah, Hindia Nèderlan
PatiAgustus 29, 2004(2004-08-29) (umur 71)
Indhonésia Jakarta, Indonésia
AgamaKatolik

Jenderal (Purnawirawan) Leonardus Benjamin Moerdani, utawa misuwur kanthi jeneng "Benny" (lair ing Cepu, Kabupatèn Blora, Jawa Tengah tanggal 2 Oktober 1932-tilar donya tanggal 29 Agustus 2004) iku siji tokoh militèr lan tokoh intelijen Indonésia kang pinunjul. Akèh kang duwé panemu yèn Benny Moerdani iku wongé "dingin", "tertutup" lan "angkuh". Nanging ing sajeroning ati sakbeneré panjenengané iku wong kang anget, pedulèn, lan nggatèkaké wong-wong saubengé. Sawijining prajurit kang "loyal" marang ndhuwurané nanging uga "loyal" marang anak buahé. Pak Benny dhuwur banget rasa setiakawané mligi marang kang lemah. Pak Benny pancèn sosok bala profesional, sajeroning sikap lan tindak tanduk nunjukaké yèn pengabdian kanggo nagara lan bangsa iku ora ana wisé. [1] Archived 2005-03-15 at the Wayback Machine.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy